23 Manawa ana bocah wadon isih prawan kang wus duwe pacangan, ketemu karo wong lanang ana ing kutha, banjur dituroni,
24 sakaro-karone padha gawanen menyang gapuraning kutha kono, lan padha kabenturana watu nganti mati; si prawan, awit sanadyan ana ing kutha kok ora bengok-bengok, lan kang lanang mau, marga ngrusuhi somahe pepadhane. Kaya mangkono anggonmu nyingkirake kang ala saka ing tengahmu.
25 Nanging manawa wong lanang mau ketemu bocah wadon kang wus pacangan iku ana ing ara-ara, banjur diroda-peksa lan dituroni dening wong mau, kang kaukum pati mung wonge lanang dhewe, kang nuroni mau;
26 bocahe wadon aja kokkapak-kapakake. Bocah prawan iku ora ana dosane kang laras karo paukuman pati, marga prakara iku padha kaya manawa ana wong dirampog pepadhane lan dipateni.
27 Sarehne anggone ketemu ana ing ara-ara, mulane sanadyan bocah wadon kang wus pacangan mau bengok-bengok, nanging ora ana kang mitulungi.
28 Manawa ana wong lanang ketemu bocah wadon isih prawan lan durung pacangan, mangka banjur dicandhak lan dipeksa dituroni, sarta tumuli konangan,
29 wong lanang kang nuroni iku banjur menehana dhuwit seket sekel salaka marang bapakne bocah wadon, lan iku tumuli dadia somahe, marga wus diroda-peksa; kang wadon mau ora kena dipegat sajege urip.