26 bocahe wadon aja kokkapak-kapakake. Bocah prawan iku ora ana dosane kang laras karo paukuman pati, marga prakara iku padha kaya manawa ana wong dirampog pepadhane lan dipateni.
27 Sarehne anggone ketemu ana ing ara-ara, mulane sanadyan bocah wadon kang wus pacangan mau bengok-bengok, nanging ora ana kang mitulungi.
28 Manawa ana wong lanang ketemu bocah wadon isih prawan lan durung pacangan, mangka banjur dicandhak lan dipeksa dituroni, sarta tumuli konangan,
29 wong lanang kang nuroni iku banjur menehana dhuwit seket sekel salaka marang bapakne bocah wadon, lan iku tumuli dadia somahe, marga wus diroda-peksa; kang wadon mau ora kena dipegat sajege urip.
30 Wong lanang ora kena njupuk somahe bapakne, ora kena ngungkabi jarite bapakne.”