9 Pakebonanmu anggur aja koksebari wiji rong warna, supaya pametune wiji kang koksebar lan pametune pakebonan anggur iku aja nganti tumiba ing papan pasucen.
10 Anggonmu mluku aja nganggo sapi sisihan karo kuldi.
11 Kowe aja nganggo sandhangan tenunan kang bakale rong warna, yaiku wulu wedhus karo lena.
12 Jarit kang nutupi awakmu iku pasangana tali plintiran ing pojoke papat pisan.”
13 “Manawa ana wong lanang kang ngepek bojo, mangka sawuse sapaturon banjur disengiti,
14 sarta didakwa nglakoni pratingkah kang ora patut, diala-ala jenenge, pangucape: Wong wadon iki dakpek bojo, nanging bareng sapaturon, ora ana tandha-tandhane yen isih prawan;
15 ing kono bapa-biyunge bocah wadon mau padha njupuka tandhane prawan bocah iku, dituduhna marang tuwa-tuwane kutha ana ing gapura.