13 Ing antarane pirantimu anaa cethoke kanggo gawe cluwekan samangsa kowe arep bebuwang, lan kanggo ngurugi sesukermu iku.
14 Awitdene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, tansah tindak ana ing satengahing pakemahanmu prelu ngluwari kowe lan ngulungake mungsuhmu marang kowe; mulane pakemahanmu iku kudu suci, aja nganti Sang Yehuwah mirsa apa bae kang ora pantes ana ing antaramu, temah banjur mengker nilar kowe.”
15 “Batur tukon kang minggat saka ing bendarane ngungsi menyang ing panggonanmu, iku aja kokpasrahake bali marang bendarane,
16 kareben manggon amor kowe ana ing tengahmu, ing panggonan kang dipilih ana ing salah sawijining panggonanamu kang dikira becik; aja koktindhes.”
17 “Ing antarane para bocah wadon ing Israel aja ana kang dadi sundel-pangibadah; lan ing antarane wong lanang ing Israel aja ana kang dadi jindik-pangibadah.
18 Opahe wong tuna-susila sarta dhuwit opahane pajindikan aja nganti koklebokake ing pedalemane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo netepi salah sawijining nadar; awitdene iku jember tumraping Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”
19 “Aja njaluk anakan marang padha sadulur; dadia anakane dhuwit utawa bahan pangan utawa apa bae kang kena dianakake.