1 “Yen ana wong para-padu sawatara kang padha seba marang pangadilan nyuwun adil, kang bener iya dibenerna lan kang luput kaukuma.
2 Dene saupama kang luput iku patut kaukum gebug, hakim nuli akona wong mau mangkureb, banjur mrentahna nggebugi ana ing ngarepe, cacahing panggebuge gumantung gedhe-ciliking kaluputane.
3 Panggebuge aja luwih saka kaping patang puluh; supaya sadulurmu iku aja nganti asor ana ing pandelengmu, manawa panggebuge luwih saka samono.
4 Kowe aja mbrangus cangkeme sapi kang lagi dianggo nggiling.”