3 Panggebuge aja luwih saka kaping patang puluh; supaya sadulurmu iku aja nganti asor ana ing pandelengmu, manawa panggebuge luwih saka samono.
4 Kowe aja mbrangus cangkeme sapi kang lagi dianggo nggiling.”
5 “Manawa ana sadulur lanang padha manggon tetunggalan, mangka kang siji mati ora tinggal anak lanang, ing kono randhane kang mati mau aja omah-omah karo wong liya kang dudu kulawargane, nanging sadulure kang lanang iku kang wajib ngepek bojo, lan kalawan mangkono dadine nindakake kawajibaning ningkah ipe.
6 Banjur anak lanang pembarep kang lair iku dianggepa anake sadulure kang wus mati, supaya jenenge aja nganti cures saka ing antarane wong Israel,
7 nanging saupama wong iku ora seneng ngepek ipene mau, ipene tumuli ngadhepa marang para tuwa-tuwa ana ing gapura sarta matura: Ipe kula boten purun nggesangaken namaning sadherekipun wonten ing Israel, boten purun netepi kawajiban ningkah ipe dhateng kula.
8 Ing kono para tuwa-tuwane kutha ngundanga ipe kang mbangkang mau sarta dipituturana; dene saupama meksa emoh sarta matur: Kula boten remen mendhet semah tiyang punika,
9 banjur dicedhakana dening tilas bojone sadulure iku ana ing ngarepane para tuwa-tuwa, dicopota trumpahe lan raine diidonana karo ngucapa: Kaya mangkene iki kang mesthi katandukake marang wong kang ora gelem nuwuhake turun marang sadulure.