1 “Anadene samangsa kowe wus kelakon lumebu ing nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka tanah-pusakamu, sarta wus kokejegi lan kokenggoni,
2 kowe banjur njupuka wiwitaning pametuning bumi kang wus kokklumpukake saka ing palemahanmu peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, iku wadhahana ing kranjang, banjur gawanen menyang panggonan kang bakal dipilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kagem padalemaning asmane.
3 Banjur sebaa marang ngarsane imam kang jumeneng ing wektu iku, sarta matura mangkene: Ing dinten punika kula ngaturi uninga wonten ing ngarsanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, bilih kula sampun lumebet ing nagari ingkang sampun dipun prasetyakaken dening Sang Yehuwah klayan supaos dhateng para leluhur kula, yen badhe dipun paringaken dhateng kita.
4 Imam mau tumuli nampanana kranjang mau saka ing tanganmu, sarta didokokna ing ngarepane misbyahe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.