Pangandharing Toret 26:12-18 JAV

12 “Samangsa kowe wus rampung anggonmu njupuk sakehe pisungsung prasepuluhan pametuning palemahanmu ing taun kang kaping telu, yaiku taun pisungsung prasepuluhan, iku banjur wenehna marang wong Lewi, wong bangsa liya kang neneka sarta marang bocah lola lan randha, supaya iku mau padha bisaa mangan nganti wareg ana ing panggonanmu.

13 Kowe banjur munjuka ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu: Pisungsung sengkeran punika sampun kawula pindhah saking griya kawula, sarta inggih sampun kawula tampekaken dhateng tiyang Lewi, dhateng tiyang ngamanca saha dhateng lare lola tuwin randha, ngetrepi pepaken ingkang sampun Paduka dhawuhaken dhateng kawula. Pepaken Paduka boten wonten ingkang kelangkungan utawi ingkang kawula supekaken.

14 Ing salebetipun kawula kaprihatosan, pisungsung sengkeran punika boten wonten ingkang kawula tedha, inggih boten wonten ingkang kawula singkiraken salebetipun kawula najis, saha ugi boten wonten ingkang kawula sukakaken kangge kaperluanipun tiyang pejah. Kawula sampun ngestokaken dhawuhipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, saha nglampahi samukawis ingkang Paduka dhawuhaken dhateng kawula.

15 Paduka mugi karsaa mirsani saking papan padaleman Paduka ingkang suci, saking swarga, saha mugi karsaa mberkahi umat Paduka Israel, saha tanah peparing Paduka dhateng kawula, kados anggen Paduka prasetya klayan supaos dhateng para leluhur kawula, tanah ingkang luber puwan lan madunipun.”

16 “Ing dina iki Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ndhawuhi kowe supaya nglakoni katetepan lan pranatan iki; iku kabeh padha tetepana lan lakonana kanthi temen-temen, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu.

17 Ing dina iki kowe wus nampani prajanji saka Sang Yehuwah yen Panjenengane bakal dadi Gusti Allahmu, lan yen kowe bakal ngambah dalan pitedahe sarta netepi katetepan, dhawuh lan pranatane apadene ngestokake pangandikane.

18 Lan ing dina iki uga Sang Yehuwah wus nampeni janjimu, yen kowe mesthi dadi umat kekasihe, kaya kang kaprasetyakake marang kowe lan manawa kowe bakal netepi sakehe dhawuhe.