Pangandharing Toret 26:3-9 JAV

3 Banjur sebaa marang ngarsane imam kang jumeneng ing wektu iku, sarta matura mangkene: Ing dinten punika kula ngaturi uninga wonten ing ngarsanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, bilih kula sampun lumebet ing nagari ingkang sampun dipun prasetyakaken dening Sang Yehuwah klayan supaos dhateng para leluhur kula, yen badhe dipun paringaken dhateng kita.

4 Imam mau tumuli nampanana kranjang mau saka ing tanganmu, sarta didokokna ing ngarepane misbyahe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

5 Kowe banjur nglairna pangaku ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, mangkene: Leluhur kawula rumiyin punika tiyang Aram, tiyang nglembara, lajeng kesah dhateng Mesir kanthi mbekta brayat sakedhik, dados tiyang neneka wonten ing ngriku, mangka wonten ing ngriku lajeng dados bangsa ingkang ageng, kiyat sarta kathah cacahipun.

6 Nalika tiyang Mesir nganiaya lan nindhes dhateng kawula sadaya, kawula dipun etrapi padaleman ingkang awrat,

7 ing ngriku kawula lajeng sesambat dhateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun leluhur kawula, Pangeran Yehuwah inggih lajeng nyembadani ing pasambat kawula, tuwin mirsani ing kasangsaran lan rekaos kawula saha anggen kawula sami katindhes.

8 Sang Yehuwah tumunten ngentasaken kawula saking tanah Mesir kanthi asta ingkang rosa saha klayan lengen ingkang kaulukaken, punapadene srana kasekten ingkang nggegirisi sarta srana pratandha-pratandha tuwin mukjijat-mukjijat.

9 Lajeng kawula dipun bekta mriki, sami kaparingan nagari punika, nagari ingkang luber puwan lan madu.