Pangandharing Toret 26:8-14 JAV

8 Sang Yehuwah tumunten ngentasaken kawula saking tanah Mesir kanthi asta ingkang rosa saha klayan lengen ingkang kaulukaken, punapadene srana kasekten ingkang nggegirisi sarta srana pratandha-pratandha tuwin mukjijat-mukjijat.

9 Lajeng kawula dipun bekta mriki, sami kaparingan nagari punika, nagari ingkang luber puwan lan madu.

10 Milanipun ing samangke kawula nyaosaken wiwitaning pamedalipun siti peparing Paduka dhateng kawula punika, dhuh Yehuwah.Sawuse mangkono sesaosanmu mau selehna ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan kowe banjur sujuda ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

11 Karomaneh kowe bungah-bungaha bab ing ngatase kadarman peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe dalah sakukubaning omahmu, iya kowe dalah wong Lewi lan wong bangsa liya kang neneka ana ing tengahmu.”

12 “Samangsa kowe wus rampung anggonmu njupuk sakehe pisungsung prasepuluhan pametuning palemahanmu ing taun kang kaping telu, yaiku taun pisungsung prasepuluhan, iku banjur wenehna marang wong Lewi, wong bangsa liya kang neneka sarta marang bocah lola lan randha, supaya iku mau padha bisaa mangan nganti wareg ana ing panggonanmu.

13 Kowe banjur munjuka ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu: Pisungsung sengkeran punika sampun kawula pindhah saking griya kawula, sarta inggih sampun kawula tampekaken dhateng tiyang Lewi, dhateng tiyang ngamanca saha dhateng lare lola tuwin randha, ngetrepi pepaken ingkang sampun Paduka dhawuhaken dhateng kawula. Pepaken Paduka boten wonten ingkang kelangkungan utawi ingkang kawula supekaken.

14 Ing salebetipun kawula kaprihatosan, pisungsung sengkeran punika boten wonten ingkang kawula tedha, inggih boten wonten ingkang kawula singkiraken salebetipun kawula najis, saha ugi boten wonten ingkang kawula sukakaken kangge kaperluanipun tiyang pejah. Kawula sampun ngestokaken dhawuhipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, saha nglampahi samukawis ingkang Paduka dhawuhaken dhateng kawula.