11 Mangkono uga Sang Yehuwah bakal ngluberake kadarman marang kowe, iya bab wohing wetenganmu, wohing taja-kayamu, pametuning palemahanmu ana ing tanah kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang para leluhurmu yen bakal diparingake marang kowe.
12 Sang Yehuwah bakal mbikak pasimpenaning kamirahane kang luber, yaiku langit, supaya tanahmu kaparingan udan ing kala mangsane lan mberkahi sakehe pagaweanmu, temah kowe bakal ngutangi marang bangsa akeh, nanging kowe dhewe ora bakal utang.
13 Kowe bakal didadekake sesirah dening Sang Yehuwah, dudu buntut, lan kowe tansah bakal tetep munggah, ora mudhun, angger kowe ngestokake pepakene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, lan nglakoni iku kanthi tumemen;
14 apadene manawa kowe ora nyleweng manengen utawa mangiwa saka ing sakehe dhawuh kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, yaiku ngetutburi allah liyane lan ngabekti marang iku.”
15 “Balik manawa kowe ora ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan ora nglakoni kalawan tumemen sakehe pepakene lan katetepane kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, kowe bakal katekan lan katempuh ing sakehe laknat kang mangkene:
16 Kowe bakal kena ing laknat ana ing jero kutha lan bakal kena ing laknat ana ing pategalan.
17 Bakal kena ing laknat kranjangmu lan wadhah jladrenmu.