13 Kowe bakal didadekake sesirah dening Sang Yehuwah, dudu buntut, lan kowe tansah bakal tetep munggah, ora mudhun, angger kowe ngestokake pepakene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, lan nglakoni iku kanthi tumemen;
14 apadene manawa kowe ora nyleweng manengen utawa mangiwa saka ing sakehe dhawuh kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, yaiku ngetutburi allah liyane lan ngabekti marang iku.”
15 “Balik manawa kowe ora ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan ora nglakoni kalawan tumemen sakehe pepakene lan katetepane kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, kowe bakal katekan lan katempuh ing sakehe laknat kang mangkene:
16 Kowe bakal kena ing laknat ana ing jero kutha lan bakal kena ing laknat ana ing pategalan.
17 Bakal kena ing laknat kranjangmu lan wadhah jladrenmu.
18 Bakal kena ing laknat wohing wetenganmu lan pametuning palemahanmu, anak-anake sapimu lan wetengane wedhusmu.
19 Kowe bakal kena ing laknat samangsa lumebu, lan kena ing laknat samangsa metu.