29 temah ing wayah awan kowe nganti grayah-grayah, kaya wong wuta ana ing pepeteng. Salaku-lakumu bakal ora begja, mung bakal tansah dikaniaya lan dirampog, mangka ora ana kang mitulungi.
30 Kowe bakal pepacangan karo wong wadon, nanging wong liya kang bakal ngewori turu. Kowe bakal gawe omah, nanging ora bakal kokenggoni. Kowe bakal gawe pakebonan anggur, nanging ora bakal ngrasakake wohe.
31 Sapimu bakal disembeleh ana ing ngarepmu, nanging kowe ora bakal mangan daginge; kuldimu bakal dirampas saka ing ngarepmu, lan ora bakal dibalekake marang kowe. Wedhusmu bakal padha kaulungake marang mungsuhmu, mangka bakal ora ana kang teka mitulungi kowe.
32 Anakmu lanang lan wadon bakal kaulungake marang bangsa liya, koksipati kalawan mripatmu dhewe, sarta saben dina kowe tansah kangen marang anak-anakmu iku, nanging kowe ora bakal bisa tumindak apa-apa.
33 Sawijining bangsa kang ora kokwanuhi kang bakal mangan pametuning lemahmu lan sakehe wohe kangelanmu; kowe tansah bakal ditindhes lan dikaniaya.
34 Kowe bakal dadi owah engetan marga saka sesawangan kang kokdeleng.
35 Sang Yehuwah bakal nggebag kowe kalawan tatu kang mandi ana ing dhengkul lan pupumu sarta mremen saka dlamakan tumeka ing cumplungmu, kang ora bakal bisa mari.