41 Kowe bakal duwe anak lanang lan wadon, nanging iku ora bakal padha dadi duwekmu, marga bakal padha dadi tawanan.
42 Sakabehe wit-witanmu lan pametune palemahanmu bakal diebroki grombolan walang.
43 Wong manca kang ana ing tengahmu bakal sangsaya dhuwur ngluwihi kowe, nanging kowe sangsaya keplorod.
44 Bangsa liya mau bakal ngutangi marang kowe, nanging kowe ora bakal ngutangi; iku bakal dadi sirah, nanging kowe bakal dadi buntute.
45 Sakehe wewelak iku bakal nekani lan mburu kowe nganti ketututan, temah kowe banjur tumpes, marga kowe ora ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ora netepi ing pepakene lan katetepane kang padha didhawuhake marang kowe;
46 iku mau kabeh bakal dadi pratandha lan mukjijat ana ing antaramu lan ing antarane turunmu ing salawase.”
47 “Sarehne kowe ora gelem dadi abdine Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan bungah lan legawaning ati, sanadyan wus kaluberan ing samubarang kabeh,