46 iku mau kabeh bakal dadi pratandha lan mukjijat ana ing antaramu lan ing antarane turunmu ing salawase.”
47 “Sarehne kowe ora gelem dadi abdine Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan bungah lan legawaning ati, sanadyan wus kaluberan ing samubarang kabeh,
48 mulane kowe kalawan nandhang kaluwen lan kasatan, sarta kalawan nandhang kawudan tuwin kacingkrangan ing samubarang kabeh bakal ngawula marang mungsuh kang bakal didhawuhi dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, nglawan kowe; iku bakal ngetrapi pasangan wesi ing cengelmu, nganti kowe sirna.
49 Sang Yehuwah bakal ndhatengake sawijining bangsa kang adoh sangkane, saka ing pungkasane bumi, kang tekane kaya manuk garudha kang nyamber; bangsa kang ora kokngreteni basane;
50 bangsa kang pasemone sumengit, ora mawang marang wong tuwa lan ora melasi marang bocah;
51 kang bakal mangan nganti entek wohing raja-kayamu lan pametuning palemahanmu, tumeka satumpesmu; ora ngarekake gandum, anggur utawa lenga utawa pedhetmu lan cempemu, nganti sasirnamu.
52 Kowe bakal ditindhes ana ing sakehe panggonanmu, nganti balowartimu kang dhuwur lan santosa kang kokandelake iku ing saindenging nagaramu wus padha jugrug. Malah panindhese iku warata ing saenggon-enggon, ana ing sawewengkone nagara kabeh, kang wus diparingake marang kowe dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.