50 bangsa kang pasemone sumengit, ora mawang marang wong tuwa lan ora melasi marang bocah;
51 kang bakal mangan nganti entek wohing raja-kayamu lan pametuning palemahanmu, tumeka satumpesmu; ora ngarekake gandum, anggur utawa lenga utawa pedhetmu lan cempemu, nganti sasirnamu.
52 Kowe bakal ditindhes ana ing sakehe panggonanmu, nganti balowartimu kang dhuwur lan santosa kang kokandelake iku ing saindenging nagaramu wus padha jugrug. Malah panindhese iku warata ing saenggon-enggon, ana ing sawewengkone nagara kabeh, kang wus diparingake marang kowe dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.
53 Ing sajrone kasusahan lan rekasa saka panggawene mungsuh iku, kowe nganti tegel mangan wohing wetenganmu, iya daginge anak-anakmu lanang lan wadon peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe.
54 Wong lanang ing antaramu kang ringkih dhewe lan kulina mukti lan seneng nguja pakaremane bakal ewa marang sadulure, marang somahe dhewe sarta marang anak-anake kang isih kari,
55 nganti ora gelem menehi daginge anake kang dipangan iku marang salah sijine wong-wong mau, awit ora ana turahane maneh, ing sajrone susah lan rekasa marga saka panggawene mungsuhmu ana ing sakehe panggonanmu.
56 Wong wadon ing antaramu kang ringkih lan kulina mukti lan seneng nguja pakaremane, kang sikile ora tau ngambah lemah awit saka anggone seneng ngumbar kekarepane lan ringkih mau, iku bakal ewa marang bojone dhewe sarta marang anake lanang lan wadon;