62 Temah kekarenmu mung sathithik, mangka maune cacahmu iku kaya lintang ing langit; mulane mangkono awit kowe ora ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.
63 Padha kaya ing maune Sang Yehuwah karenan ing galih nyaeni nangkar-nangkarake marang kowe, iya kaya mangkono Sang Yehuwah anggone karenan ing galih ngrusak lan numpes marang kowe, temah kowe bakal karubuhake saka ing tanah kang lagi kokparani bakal kokenggoni.
64 Sang Yehuwah bakal mbuyarake kowe ana ing antarane para bangsa, saka ing pungkasane bumi tutug ing pungkasane bumi, ana ing kono kowe bakal ngabekti marang allah liyane kang ora kokwanuhi lan iya ora disumurupi dening para leluhurmu, kang rupa kayu lan watu.
65 Ana ing antarane para bangsa iku kowe ora bakal oleh katentreman, sarta dlamakanmu bakal ora oleh aso; malah ing kono kowe bakal kaparingan ati kang semplah, mripat kang kebak rasa kangen sarta nyawa kang nggrantes.
66 Uripmu bakal kompal-kampul, awan lan bengi tansah was-was lan nguwatirake uripmu.
67 Ing wayah esuk pangucapmu: Bok iya enggal bengi; lan ing wayah bengi pangucapmu: Bok iya tumuli esuk; marga atimu kebak rasa giris marga saka sesawangan kang koksipati.
68 Sang Yehuwah bakal mangsulake kowe menyang ing tanah Mesir kalawan nunggang prau, metu ing dalan kang wus Sunpangandikakake marang sira: Sira ora bakal ndeleng iku maneh. Ana ing kono sira bakal nawakake awakira marang mungsuhmu dadi batur tukon lanang lan wadon, nanging bakal ora ana kang tuku.”