1 Iki surasane prajanjian kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa, supaya kadhawuhna marang wong Israel ana ing tanah Moab, kajaba prajanjian kang wus kaanakake kalawan wong-wong mau ana ing gunung Horeb.
2 Nabi Musa nimbali sagolongane wong Israel kabeh kadhawuhan nglumpuk, banjur padha dipangandikani mangkene: “Kowe wus padha ndeleng apa sapandamele Sang Yehuwah ana ing tanah Mesir marang Sang Prabu Pringon lan sakehe para abdine lan marang ing saindenging nagarane,
3 panyoba kang gedhe kang wus padha kokdeleng dhewe, rupa pratandha lan mukjijat kang agung iku;
4 nanging tekan ing dina iki kowe padha ora diparingi akal-budi kang kanggo mangreti utawa mripat kanggo ndeleng, apadene kuping kanggo ngrungkokake dening Sang Yehuwah.
5 Sira wus Sunirid lakunira ana ing pasamunan nganti patang puluh taun lawase, sandhanganira ora dadi lungsed, lan trumpahira ora dadi jebol ana ing sikilira;
6 sira ora mangan roti, anggur utawa omben-omben kang mendemi sira ora ngombe, supaya sira sumurupa yen Ingsun iki Yehuwah Allahira.
7 Satekamu ing panggonan kene, banjur padha dilurugi perang dening Prabu Sihon, ratu ing Hesybon lan Prabu Og, ratu ing Basan, nanging iku padha kita gecak,