11 anak-anakmu, somahmu lan bangsa liya kang ana ing pakemahanmu, dalasan para tukang nyigari kayu lan tukang nimba;
12 padha kakersakake melu ing prasetyane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, yaiku prajanjian kang kinanthenan supaos, kang didamel dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, karo kowe ing dina iki;
13 supaya ing dina iki kowe diangkata dadi umat kagungane sarta Panjenengane dadia Gusti Allahmu, kaya kang wus dadi pangandikane marang kowe lan kaya kang wus diprasetyakake kalawan supaos marang para leluhurmu yaiku Eyang Abraham, Iskak lan Yakub.
14 Anadene kang dakkatutake ing prasetyan kang kanthi supaos iku ora mung kowe dhewe,
15 nanging iya saben wong kang melu kita ngadeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, iya dalah wong kang ing dina iki ora melu kita ana ing kene.
16 Awit kowe rak padha sumurup kaya apa anggon kita padha nratas ing tengahe sakehe bangsa kang padha kokambah nagarane,
17 sarta kowe wus padha weruh dewa jejember lan brahalane kang arupa kayu lan watu, mas lan salaka kang padha ana ing tengahe.