15 nanging iya saben wong kang melu kita ngadeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, iya dalah wong kang ing dina iki ora melu kita ana ing kene.
16 Awit kowe rak padha sumurup kaya apa anggon kita padha nratas ing tengahe sakehe bangsa kang padha kokambah nagarane,
17 sarta kowe wus padha weruh dewa jejember lan brahalane kang arupa kayu lan watu, mas lan salaka kang padha ana ing tengahe.
18 kang iku ing antaramu aja nganti ana wong lanang utawa wadon, kulawarga lan taler kang ing dina iki atine mungkur ninggal Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, sarta marani lan ngabekti marang allahe bangsa-bangsa mau; ing antaramu iya aja nganti ana oyod kang nukulake racun utawa butrawali.
19 Nanging aja nganti kelakon, sawuse krungu surasane prasetyan kang kanthi supaos iki, ana wong kang banjur duwe pangira: Aku mesthi bakal terus slamet, sanadyan lakuku nuruti wangkoting atiku; yen mangkono bakal ndadekake sirnane tanah kang kaluberan dalah kang kakurangan banyu,
20 Pangeran Yehuwah mesthi ora ngapura marang wong kang mangkono iku, malah bakal kataman ing bebendu lan kasujanane Pangeran Yehuwah kang makantar-kantar, sarta bakal katempuh ing sakehe sumpah kang katulisan ana ing kitab iki, apadene Sang Yehuwah bakal nyirnakake jenenge saka ing sangisoring langit;
21 Sang Yehuwah bakal misahake wong iku saka ing sakehe talere Israel supaya kataman ing bilai, ngetrepi sumpah prasetyan kang katulisan ana ing kitab Toret iki.