7 Satekamu ing panggonan kene, banjur padha dilurugi perang dening Prabu Sihon, ratu ing Hesybon lan Prabu Og, ratu ing Basan, nanging iku padha kita gecak,
8 sarta nagarane padha kita rebut, kita wenehake marang wong Ruben, marang wong Gad lan marang separone taler manasye dadi tanah-pusaka.
9 Mulane kowe padha nglakonana pangandikaning prasetyan iki kanthi tumemen, supaya kowe padha bisa oleh kabegjan ing sabarang kang koklakoni.
10 Ing dina iki kowe kabeh padha ngadeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, para panggedhene talermu, para tuwa-tuwamu lan para tetindhihing wadya-balamu lan sakehe wong lanang ing Israel,
11 anak-anakmu, somahmu lan bangsa liya kang ana ing pakemahanmu, dalasan para tukang nyigari kayu lan tukang nimba;
12 padha kakersakake melu ing prasetyane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, yaiku prajanjian kang kinanthenan supaos, kang didamel dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, karo kowe ing dina iki;
13 supaya ing dina iki kowe diangkata dadi umat kagungane sarta Panjenengane dadia Gusti Allahmu, kaya kang wus dadi pangandikane marang kowe lan kaya kang wus diprasetyakake kalawan supaos marang para leluhurmu yaiku Eyang Abraham, Iskak lan Yakub.