1 “Kita banjur menggok lan lumaku ngener marang tanah Basan; Prabu Og, ratu ing Basan, nuli methukake kita lan perang nglawan kita dalah wadya balane kabeh ana ing Edrei.
2 Nanging Sang Yehuwah ngandika marang aku: Sira aja wedi karo wong iku, marga iku bakal Sunulungake marang tanganira, dalah wadya-balane kabeh apadene nagarane, sira tandukana kaya anggonira wus ngetrapi marang Sihon, ratune bangsa Amori kang manggon ing Hesybon.
3 Anadene Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, tumuli iya ngulungake Prabu Og, ratu ing Basan marang tangan kita dalah sabalane kabeh, temahan padha kita sorake, nganti wonge ora ana siji-sijia kang bisa oncat.
4 Ing nalika iku sakehe kutha-kuthane banjur kita rebut, ora ana siji-sijia kang kari, cacahe kutha sawidak; satlatahe tanah Argob kabeh, karajane Prabu Og ing Basan.
5 Kutha iku kabeh santosa mawa balowarti dhuwur, lan gapurane nganggo slarak, kajaba iku isih ana kutha pirang-pirang kang tanpa balowarti.