15 Makhir iku dakwenehi tanah Gilead.
16 Bani Ruben lan bani Gad padha dakwenehi saperangane tanah Gilead tutug ing kali Arnon, yaiku saparone kali iku dalah pinggire, lan ing sisih kana nganti tutug ing kali Yabok, tapel watese tanahe bani Amon;
17 sabanjure Araba-Yordan lan bengawan Yarden dalah pinggire, wiwit saka ing Kineret nganti tekan ing sagara Araba, yaiku Sagara Asin, ing sangisore perenge gunung Pisga mangetan.
18 Ing nalika iku kowe padha dakprentahi mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu wus maringake nagara iki marang kowe dadi duwekmu, nanging sapira panunggalanmu kang gagah prakosa, padha nyabranga kalawan sikep gegaman ana ing ngarepe para sadulurmu, wong Israel;
19 mung somah lan anak-anakmu kang isih bocah sarta raja-kayamu, -- aku sumurup yen raja-kayamu akeh --, iku padha tinggalen ana ing kutha-kutha kang wus dakwenehake marang kowe;
20 nganti tumeka Sang Yehuwah wus paring katentreman marang para sadulurmu mau padha kaya kowe, dadi iya wus padha ndarbeni tanah kang bakal diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu marang para sadulurmu mau ana ing sabrange bengawan Yarden. Sawuse mangkono kowe padha muliha menyang ing tanah-pusakamu dhewe-dhewe kang wus dakwenehake marang kowe.
21 Lan ing nalika iku Yusak dakprentahi mangkene: Mripatmu dhewe wus ndeleng sabarang kang wus ditandukake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu marang ratu loro iku; kaya mangkono uga Sang Yehuwah iya bakal nandukake marang sakehe karajan kang bakal koklurugi.