20 nganti tumeka Sang Yehuwah wus paring katentreman marang para sadulurmu mau padha kaya kowe, dadi iya wus padha ndarbeni tanah kang bakal diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu marang para sadulurmu mau ana ing sabrange bengawan Yarden. Sawuse mangkono kowe padha muliha menyang ing tanah-pusakamu dhewe-dhewe kang wus dakwenehake marang kowe.
21 Lan ing nalika iku Yusak dakprentahi mangkene: Mripatmu dhewe wus ndeleng sabarang kang wus ditandukake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu marang ratu loro iku; kaya mangkono uga Sang Yehuwah iya bakal nandukake marang sakehe karajan kang bakal koklurugi.
22 Mulane aja wedi, marga Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kang nyarirani perangmu.”
23 “Ing waktu samana aku iya nyuwun sih-piwelas marang Sang Yehuwah, unjukku:
24 Dhuh Pangeran Allah, Paduka sampun miwiti ngatingalaken kaluhuran Paduka saha asta Paduka ingkang kuwaos dhateng abdi Paduka, awitdene ing swarga miwah ing bumi, punapa wonten allah malih ingkang saged nindakaken pandamel ingkang prakosa kados Paduka.
25 Mugi kawula kelilana nyabrang ningali nagari ingkang sae wonten ing sabrangipun benawi Yarden, inggih tanah pareden ingkang sae punika, saha pareden Libanon.
26 Nanging Pangeran Yehuwah duka marang aku marga saka kowe, lan ora nyembadani panyuwunku, malah aku dipangandikani dening Sang Yehuwah: Wis cukup, sira aja munjuk maneh marang Ingsun bab prakara iku.