5 Kutha iku kabeh santosa mawa balowarti dhuwur, lan gapurane nganggo slarak, kajaba iku isih ana kutha pirang-pirang kang tanpa balowarti.
6 Kabeh kang manggon tumuli padha kita bengkas, kaya kang wus kita tandukake marang Prabu Sihon, ratu ing Hesybon; wong isine saben kutha padha kita tumpes kabeh, iya wong lanang iya wong wadon dalah bocah-bocahe;
7 nanging raja-kayane kabeh lan jarahan saka kutha-kutha mau padha kita rampas kanggo kita dhewe.
8 Kaya mangkono dadine ing waktu iku kita padha ngrebut nagara ing sabrange kali Yarden saka pamengkuning ratune bangsa Amori loro iku, wiwit saka kali Arnon nganti tumeka ing gunung Hermon;
9 -- Hermon iku dening wong Sidon diarani Siryon, dene bangsa Amori ngarani Senir --,
10 sakehe kutha ing tanah warata kang dhuwur, tlatahe Gilead sarta satanah Basan kabeh, tekan ing Salkha lan Edrei, kutha-kuthaning karajane Prabu Og ing Basan.
11 Mung Prabu Og, ratu ing Basan, iku kang isih sugeng saka ing antaraning kekarene wong Refaim; anadene pasareane iku pasarean wesi; iku rak isih ana ing Raba ing wewengkone bani Amon! Dawane sangang asta, lan ambane patang asta, miturut ukuran asta umum.”