1 “Anadene samangsa kowe wus katekan samubarang kabeh kang wus dakandharake ana ing ngarepmu mau, yaiku berkah lan laknat, mangka kowe banjur ngrumangsani ana ing sajroning atimu ana ing satengahe sakehe bangsa, ing ngendi parane anggonmu ditundhung dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu,
2 sarta manawa kowe bali mratobat marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu mau, lan ngestokake dhawuhe miturut kaya kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, dadia kowe dadia anak-anakmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu,
3 ing kono Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal mulihake kaananmu lan melasi marang kowe. Kowe bakal dikumpulake maneh saka ing antarane para bangsa, saka ing ngendi parane anggonmu disebar dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.
4 Sanadyan kang padha kabuwang iku ana ing pungkasane langit, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya bakal nglumpukake kowe saka ing kana. Panjenengane bakal mundhut kowe saka ing kana.
5 Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal ngirid kowe lumebu menyang nagara kang wus dadi duweke leluhurmu, nuli kowe kang bakal ndarbeni. Kowe bakal diparingi kadarman lan kadadekake tangkar-tumangkar nganti ngungkuli para leluhurmu mau.
6 Karodene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal netaki atimu lan atine turunmu, temah ndadekake kowe padha tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu, njalari kowe lestari urip.