1 Sawuse mangkono Nabi Musa banjur tindak sarta nglairake sakehing pangandika iki marang wong Israel kabeh.
2 Mangkene pangandikane: “Umurku saiki satus rong puluh taun; aku wus ora bisa giyat maneh, sarta Pangeran Yehuwah wus ngandika marang aku: Sira mesthi ora bakal nyabrang bengawan Yarden iki.
3 Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, piyambak kang bakal nuntun nyabrang lakumu, iya Panjenengane piyambak kang bakal numpes bangsa-bangsa iku saka ing ngarepmu, satemah kowe banjur bisa ngebeki nagarane; Yusak kang bakal nuntun nyabrang lakumu, kaya kang dadi dhawuhe Sang Yehuwah.
4 Dene Sang Yehuwah bakal ngetrapi para bangsa mau kaya kang wus ditandukake marang Prabu Sihon lan Prabu Og, para ratune wong Amori, kang wus padha ditumpes dalah tanahe pisan.
5 Sang Yehuwah bakal ngulungake para bangsa mau marang ing tanganmu, sawuse nuli padha etrapana miturut kaya kang wus dakprentahake marang kowe.