Pangandharing Toret 31:14-20 JAV

14 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa; “Lah wus cedhak anggonira bakal mati, mulane Yusak undangen banjur padha ngadega ana ing Tarub Pasewakan, bakal Sunpangandikani.” Nabi Musa lan Yusak banjur padha jumeneng ana ing Tarub Pasewakan.

15 Pangeran Yehuwah banjur ngatingal ana ing jero tarub, ing jero tugu mega, tugune tumuli ngadeg ana ing lawanging tarub.

16 Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Wruhanira, sira bakal ngaso awor karo para leluhurira, dene bangsa iki bakal laku bedhang kanthi ngetut-buri allahe bangsa liya kang ana ing nagara, kang bakal dileboni; ana ing kono bakal padha ngungkurake Ingsun lan nyelaki prasetyaningSun kang wus Suntetepake karo wong-wong iku.

17 Ing wektu iku bakal padha katempuh ing mulad-mulading bebenduningSun lan bakal Suntilar kalawan ngaling-alingi wadananingSun, temah bakal padha kamangsa nganti entek lan katrajang ing bilai lan kasusahan akeh, nganti ing wektu iku padha duwe pangucap mangkene: Rak marga Gusti Allah ora ana ing satengah kita, anggon kita padha katrajang ing bilai lan karubedan tumpa-tumpa iki?

18 Nanging ing wektu iku Ingsun bakal ndhelikake wadananingSun babar pisan, marga saka sakehe piala kang wus dilakoni, yaiku anggone padha manut marang allah liyane.

19 Mulane kidung iku tulisana lan banjur wulangna marang wong Israel, isekna ing cangkeme, supaya kidung iki dadia seksiningSun tumrap wong Israel.

20 Awitdene Ingsun bakal ngirid lakune lumebu ing tanah kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos marang para leluhure, yaiku tanah kang luber puwan lan madu; nanging samangsa wus padha mangan nganti wareg lan dadi lemu, nuli bakal padha marani allah liyane, lan ngabekti marang iku. Ingsun bakal disepelekake lan prasetyaningSun diselaki.