Pangandharing Toret 31:3-9 JAV

3 Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, piyambak kang bakal nuntun nyabrang lakumu, iya Panjenengane piyambak kang bakal numpes bangsa-bangsa iku saka ing ngarepmu, satemah kowe banjur bisa ngebeki nagarane; Yusak kang bakal nuntun nyabrang lakumu, kaya kang dadi dhawuhe Sang Yehuwah.

4 Dene Sang Yehuwah bakal ngetrapi para bangsa mau kaya kang wus ditandukake marang Prabu Sihon lan Prabu Og, para ratune wong Amori, kang wus padha ditumpes dalah tanahe pisan.

5 Sang Yehuwah bakal ngulungake para bangsa mau marang ing tanganmu, sawuse nuli padha etrapana miturut kaya kang wus dakprentahake marang kowe.

6 Disantosa lan ditatag atimu, aja wedi lan aja giris ana ing ngarepe, marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kang nunggil ing salaku-lakumu. Panjenengane ora bakal negakake kowe lan kowe ora bakal ditilar.”

7 Nabi Musa nuli nimbali Sang Yusak lan dipangandikani ana ing ngarepe sakehe wong Israel: “Disantosa lan ditatag atimu, awitdene kowe kang bakal lumebu bebarengan karo bangsa iki menyang ing nagara kang wus diprasetyakake kalawan supaos dening Sang Yehuwah marang leluhure yen bakal diparingake; dene kowe kang bakal mimpin nganti padha ndarbeni nagara iku.

8 Pangeran Yehuwah piyambak kang bakal ngirid lakumu, Panjenengane piyambak kang bakal nunggil marang kowe, kowe ora bakal ditegakake lan ora bakal ditilar, mulane aja wedi lan aja semplah.”

9 Sawuse nabi Musa nyerati angger-anggere Toret, iku banjur diparingake marang para imam bani Lewi, kang ngusung pethi prasetyaning Pangeran Yehuwah lan marang sakehe para tuwa-tuwane Israel;