Pangandharing Toret 31:8-14 JAV

8 Pangeran Yehuwah piyambak kang bakal ngirid lakumu, Panjenengane piyambak kang bakal nunggil marang kowe, kowe ora bakal ditegakake lan ora bakal ditilar, mulane aja wedi lan aja semplah.”

9 Sawuse nabi Musa nyerati angger-anggere Toret, iku banjur diparingake marang para imam bani Lewi, kang ngusung pethi prasetyaning Pangeran Yehuwah lan marang sakehe para tuwa-tuwane Israel;

10 nuli padha diprentahi dening Nabi Musa mangkene: “Iki wekasane pitung taun ing mangsane nglilakake utang kaya kang wus katemtokake, yaiku Riyaya Tancebing Tarub;

11 samangsa wong Israel kabeh padha nglumpuk seba ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, ana ing panggonan kang bakal pinilih dening Panjenengane, nuli kowe macaa angger-anggere Toret iki ana ing ngarepe wong Israel kabeh.

12 Wong sabangsa kabeh padha klumpukna, lanang-wadon dalah bocah-bocah, apadene wong bangsa liya kang manggon ana ing antaramu, supaya iku padha krungua, lan padha sinaua wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, sarta kanthi tumemen padha nglakoni sakehe pangandikane angger-anggere Toret iki.

13 Dalah para anak-putune kang ora nyumurupi, iya padha bisaa krungu lan nyinau wedi-asih marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, salawase urip ana ing tanah kang lagi kokparani, kalawan nyabrang bengawan Yarden, lan kang bakal kokenggoni.”

14 Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa; “Lah wus cedhak anggonira bakal mati, mulane Yusak undangen banjur padha ngadega ana ing Tarub Pasewakan, bakal Sunpangandikani.” Nabi Musa lan Yusak banjur padha jumeneng ana ing Tarub Pasewakan.