1 “Kupingmu tilingna, he langit, aku arep caturan,lan bumi ngrungokna guneme cangkemku.
2 Piwulangku muga tumetes kaya udan,tembungku tetesa kaya ebun,kaya udan deres kang tumiba ing trubusan kang lagi semi,kaya udan deres nibani tetuwuhan.
3 Marga asmane Sang Yehuwah arep dakundhangake:Ngunjukna hurmat marang Gusti Allah kita,
4 Gunung Parang, kang sampurna pakaryane,jejeg sakehe margine;marga Gusti Allah kang setya-tuhu, ora ana kaculikane,Panjenengane iku bener lan adil.
5 Wong-wong kang wus padha ora dadi putrane maneh,kang padha dadi blentong,golongan kang nasar lan plinthat-plinthut,iku padha nandukake kanisthan marang Panjenengane.
6 He bangsa golongan kang gemblung lan tanpa budi,apa iku pamalesmu marang Pangeran Yehuwah?Iku rak Ramamu kang nitahake kowe,kang nganakake lan kang nguwatake kowe.