15 Yesyurun nuli dadi lemu, sarta nyepak-nyepak memburi,-- kowe tambah lemu, mblenek lan gimblah-gimblah --,banjur ninggal marang Gusti Allah kang nitahakelan ngremehake gunung paranging karahayone.
16 Padha memungu butajengane marga nyembah allah liyane;nuwuhake gerahe panggalihe kalawan dewaning kanisthan;
17 padha sesajen marang para roh reged kang dudu Allah,marang allah kang padha ora diwanuhi,allah anyar kang lagi bae jumedhul,kang ora diwedeni dening para leluhurmu.
18 Gunung Parang kang nganakake kowe iku koklirwakake,lan Gusti Allah kang nglairake kowe koklalekake.
19 Nalika Sang Yehuwah nguningani bab iku,banjur nampik wong-wong mau,marga gerah ing penggalih jalaran saka anak-anake lanang lan wadon.
20 Panjenengane ngandika: Ingsun bakal ngaling-alingi wadananingSun tumrap ing wong-wong iku;Sunpirsani bakal kapriye wekasane;awitdene iku bangsa kang keblinger,anak kang padha ora setya-tuhu,
21 padha memungu butajenganingSun kalawan kang dudu allah;padha gawe gerahe penggalihingSun kalawan brahalane.Mulane Ingsun iya bakal nenangi kumerene kalawan kang dudu umat,lan bakal nyerikake atine kalawan bangsa kang gemblung.