18 Gunung Parang kang nganakake kowe iku koklirwakake,lan Gusti Allah kang nglairake kowe koklalekake.
19 Nalika Sang Yehuwah nguningani bab iku,banjur nampik wong-wong mau,marga gerah ing penggalih jalaran saka anak-anake lanang lan wadon.
20 Panjenengane ngandika: Ingsun bakal ngaling-alingi wadananingSun tumrap ing wong-wong iku;Sunpirsani bakal kapriye wekasane;awitdene iku bangsa kang keblinger,anak kang padha ora setya-tuhu,
21 padha memungu butajenganingSun kalawan kang dudu allah;padha gawe gerahe penggalihingSun kalawan brahalane.Mulane Ingsun iya bakal nenangi kumerene kalawan kang dudu umat,lan bakal nyerikake atine kalawan bangsa kang gemblung.
22 Awitdene bebenduningSun wus ngurubake geni,nganti makantar-kantar tekan ing jagade wong mati kang ngisor dhewe;geni iku mangsa marang bumi dalah pametune,sarta nggosongake dhasare gunung-gunung.
23 Ingsun bakal ndhawahake bilai tumpuk-undhung marang wong-wong ikulan Sunebyuki sakehe jemparingingSun.
24 Samangsa wus menggrik-menggrik marga kurang panganlan katon nglayung marga ketrajang lara panas kang nggegirisi,apadene pageblug kang ampuh,nuli bakal Sunlepasi siyunge sato galaklan wisane kewan kang padha nlosor ana ing bumi.