2 Piwulangku muga tumetes kaya udan,tembungku tetesa kaya ebun,kaya udan deres kang tumiba ing trubusan kang lagi semi,kaya udan deres nibani tetuwuhan.
3 Marga asmane Sang Yehuwah arep dakundhangake:Ngunjukna hurmat marang Gusti Allah kita,
4 Gunung Parang, kang sampurna pakaryane,jejeg sakehe margine;marga Gusti Allah kang setya-tuhu, ora ana kaculikane,Panjenengane iku bener lan adil.
5 Wong-wong kang wus padha ora dadi putrane maneh,kang padha dadi blentong,golongan kang nasar lan plinthat-plinthut,iku padha nandukake kanisthan marang Panjenengane.
6 He bangsa golongan kang gemblung lan tanpa budi,apa iku pamalesmu marang Pangeran Yehuwah?Iku rak Ramamu kang nitahake kowe,kang nganakake lan kang nguwatake kowe.
7 Elinga marang jaman kuna,gatekna taun-taune turun kang wus kepungkur,tekokna marang bapakmu, iku kang bakal nerangake marang kowe,lan marang para pinituwa, iku kang bakal ngandhani marang kowe.
8 Ing nalika Kang Mahaluhur mandumi tanah-pusaka marang para bangsa,iya ing kalane misahake para anake manungsa,Panjenengane netepake wilayahe para bangsa ikumiturut cacahe wong Israel.