32 Sanyatane wite anggur wong-wong iku asale saka wit anggur ing Sodomlan saka pakebonan ing Gomora;wohe anggure iku ngandhut racun,pait dhompolane.
33 Duduhe anggure iku wisaning ula,lan wisaning ula bedhudhak kang mandi banget.
34 Kabeh iku apa ora wus Sunsimpen,kasegel ana ing gedhong parawataningSun?
35 Ingsun kang kagungan wewenang pepulih lan males,ing mangsane sikile nggloyori,awitdene wus cedhak dinaning karusakane,sarta enggal bakal nekani apa kang dadi pepesthene.
36 Awitdene Pangeran Yehuwah bakal paring kaadilan marang umate,lan bakal melasi marang para abdine,samangsa mirsani yen wus ora ana kekuwatanelan wus sirna kang jeneng abdi lan kang merdika.
37 Ing kono Panjenengane bakal ngandika: Ana ing ngendi allah-allahe-- gunung parang kang dadi pangungsene --,
38 kang padha mangan gajihing sesajene sembelehan,kang padha ngombe anggur kurban unjukan?Kareben iku padha tumandang mitulungi sira,supaya sira oleh pangayoman.