34 Kabeh iku apa ora wus Sunsimpen,kasegel ana ing gedhong parawataningSun?
35 Ingsun kang kagungan wewenang pepulih lan males,ing mangsane sikile nggloyori,awitdene wus cedhak dinaning karusakane,sarta enggal bakal nekani apa kang dadi pepesthene.
36 Awitdene Pangeran Yehuwah bakal paring kaadilan marang umate,lan bakal melasi marang para abdine,samangsa mirsani yen wus ora ana kekuwatanelan wus sirna kang jeneng abdi lan kang merdika.
37 Ing kono Panjenengane bakal ngandika: Ana ing ngendi allah-allahe-- gunung parang kang dadi pangungsene --,
38 kang padha mangan gajihing sesajene sembelehan,kang padha ngombe anggur kurban unjukan?Kareben iku padha tumandang mitulungi sira,supaya sira oleh pangayoman.
39 Saiki sira padha nitenana, yen Ingsun, iya Ingsun iki Panjenengane;ora ana Allah, kajaba Ingsun.Ingsun kang mateni, lan iya Ingsun kang nguripake,Ingsun kang ngremuk, lan iya Ingsun kang marasake;sarta ora ana kang bisa ngluwari saka ing astaningSun.
40 Lah Ingsun ngangkat astaningSun marang ing langit kalawan ngandika:Demi Ingsun agesang langgeng,