40 Lah Ingsun ngangkat astaningSun marang ing langit kalawan ngandika:Demi Ingsun agesang langgeng,
41 samangsa Ingsun ngasah pedhangingSun kang gilap,sarta astaningSun ngasta pangadilan,mesthi Ingsun bakal paring piwalesmarang kang padha nglawan marang Ingsun,sarta males marang para satruningSun.
42 Ingsun bakal ngendemi jemparingingSun kalawan getih,lan pedhangingSun bakal mangan daging;getihe wong-wong kang padha matisinuduk lan wong-wong kang padha katawan,saka sirahe pimpinane mungsuh kang rambute dawa.
43 He, para bangsa, padha surak-suraka marga saka umate,awitdene Panjenengane malesake getihe para abdine,sarta bakal ndhawahake piwales marang kang padha nglawan ing Panjenengane,sarta bakal nganakake pirukun tumrap tanahe umate.”
44 Nabi Musa tumuli rawuh bebarengan karo Sang Yusak bin Nun, lan nglairake sakehe tetembunganing kidung mau ing sapangrungune bangsa iku.
45 Sawuse Nabi Musa rampung anggone nglairake sakehe tetembungan mau marang wong Israel kabeh,
46 banjur mangandikani mangkene: “Kowe padha nggatekna apa kang wus dakpituturake marang kowe ing dina iki, supaya kokprentahake marang anak-anakmu, padha konen nglakoni kanthi temen-temen sakehe pangandikane angger-anggering Toret iki.