49 “Sira munggaha menyang ing pagunungan Abarim, menyang ing gunung Nebo kang ana ing tanah Moab ing penere Yerikho, banjur sira nyawanga tanah Kanaan kang bakal Sunparingake marang wong Israel dadi darbeke.
50 Sira bakal mati ana ing gunung kang sira unggahi iku, supaya sira kaklumpukake karo para leluhurira, padha kaya Harun kakangira kang iya wus kelakon mati ana ing gunung Hor, kaklumpukake karo para leluhure,
51 iku marga sira ngowahi kasetyanira marang Ingsun ana ing satengahe wong Israel ing sacedhake sumber Meriba ing Kadesy, ing pasamunan Zin, lan marga sira ora nucekake Ingsun ana ing satengahe wong Israel.
52 Sira Sunparengake nyawang nagara iku ana ing ngarepira, nanging sira ora kalilan lumebu mrana, menyang ing nagara kang bakal Sunparingake marang wong Israel.”