8 Ing nalika Kang Mahaluhur mandumi tanah-pusaka marang para bangsa,iya ing kalane misahake para anake manungsa,Panjenengane netepake wilayahe para bangsa ikumiturut cacahe wong Israel.
9 Awitdene kang dadi pandumane Pangeran Yehuwah iku umate,Eyang Yakub iku kang katetepake dadi kagungane piyambak.
10 Anggone manggih ana ing sawijining nagara ana ing pasamunan,ana ing satengahe papan kang mluwa lan panggeroning pasamunan,banjur diamping-ampingi,direksa prasasat maniking paningale.
11 Kaya patrape manuk garudha anggone ngiyun-iyun isining susuhe,nglayang-nglayang ngreksa anak-anake,mbeber swiwine, nadhahi anake siji,lan banjur digendhong ing swiwine,
12 kaya mangkono Sang Yehuwah piyambak anggone ngirid lakune,ora ana allah liyane kang mbarengi.
13 Diyasakake tetunggangan kang bisa ngambah ing tengger-tenggering bumi,diparingi pangan pametune pategalan,didadekake nesep madu saka ing gunung paranglan lenga saka ing watu kelang,
14 kaniling puwane sapi lan puwane wedhus,karo gajihing cempelan wedhus gembel lanang saka ing Basan,apadene wedhus berok,kalawan gandum pilihan,sarta getihing woh anggur kang dadi omben-omben, anggur kang munthuk.