1 Iki berkah kang kaparingake dening Nabi Musa abdine Gusti Allah marang wong Israel sadurunge seda;
2 pangandikane mangkene: “Pangeran Yehuwah rawuh saka ing gunung Sinai, nedhaki umate saka ing Seir. Panjenengane ngatingal kalawan cahya mencorong saka ing pagunungan Paran, lan rawuh saka ing antarane para suci puluhan ewu; ing tengahe katon geni murub.
3 Sanyata, Panjenengane ngasihi marang umate, sakehe para abdine kang suci, -- punika sami wonten ing pamengku Paduka saha sami ngadhep wonten ing ngarsaning sampeyan Paduka saha nampeni punapa-punapa saking pangandika Paduka.
4 Anggon kita padha kaparingan angger-anggering Toret iku lumantar Nabi Musa, iku dadi darbeke pasamuwane Rama Yakub.
5 Panjenengane dadi ratu ana ing Yesyurun, nalika para panggedhene bangsa padha nglumpuk bebarengan, yaiku sakehe talere Israel.
6 Kareben Ruben urip, aja mati, nanging wonge cikben sathithik cacahe.”