13 Tumrap Yusup, pangandikane:“Nagarane muga kaberkahana dening Sang Yehuwah kalawan pepethingan saka ing langit; kalawan ebun lan banyuning samodra agung kang saka ing dhasaring bumi;
14 saka adi-adining pametune srengenge, lan kalawan pepethinganing kang diwetokake dening rembulan;
15 kalawan adi-adining pametune gunung-gunung kang saka wiwitan mula, kalawan pepethinganing pametune punthuk-punthuk kang wus maabad-abad anane;
16 sarta kalawan pepethingane bumi saisine; apadene sih-kadarmane Kang dedalem ana ing grumbul eri. Kabeh iku tumuruna ing sirahe Yusup, iya ing embun-embune kang pinunjul dhewe ana ing antarane para sadulure.
17 Pambareping sapine kang dadi kaluhurane, lan sungune kaya sungune bantheng; iku bakal digawe nyundhang bangsa-bangsa ing salumahing bumi, saka ing poncot tekan ing poncot. Yaiku wong Efraim kang puluhan ewu lan wong Manasye kang ewon.”
18 Tumrap Zebulun pangandikane:“He Zebulun, bungah-bungaha marga saka laku-lakumu, lan kowe Isakhar marga saka tarub-tarubmu;
19 bangsa-bangsa bakal diundang menyang gunung; ana ing kono bakal padha nyaosake kurban sembelehan kang bener, awit bakal padha nesep kaluberaning sagara lan raja-brana kang kapendhem ana ing jero pawedhen.”