3 Sanyata, Panjenengane ngasihi marang umate, sakehe para abdine kang suci, -- punika sami wonten ing pamengku Paduka saha sami ngadhep wonten ing ngarsaning sampeyan Paduka saha nampeni punapa-punapa saking pangandika Paduka.
4 Anggon kita padha kaparingan angger-anggering Toret iku lumantar Nabi Musa, iku dadi darbeke pasamuwane Rama Yakub.
5 Panjenengane dadi ratu ana ing Yesyurun, nalika para panggedhene bangsa padha nglumpuk bebarengan, yaiku sakehe talere Israel.
6 Kareben Ruben urip, aja mati, nanging wonge cikben sathithik cacahe.”
7 Lan iki kang tumrap Yehuda, unjuke: “Dhuh Yehuwah, mugi miyarsakaken unjukipun Yehuda, saha mugi Paduka wangsulaken dhateng bangsanipun, asta Paduka mugi nyarirani perangipun, saha Paduka mugi karsaa mitulungi nglawan mengsahipun.”
8 Tumrap Lewi, unjuke:“Tumim saha Urim Paduka punika dadosa gadhahanipun tiyang ingkang Paduka kasihi, ingkang sampun Paduka cobi wonten ing Masa saha ingkang sampun Paduka pabeni wonten ing sacelakipun tuk ing Meriba;
9 ingkang ngucap bab bapa-biyungipun: Aku ora mreduli; saha ingkang boten purun tepang kaliyan para sadherekipun sarta boten mreduli dhateng anak-anakipun. Awitdene tiyang-tiyang Lewi punika sami ngestokaken dhawuh Paduka saha netepi prajanjian Paduka.