1 Nabi Musa banjur tindak saka ing tanah warata ing Moab, minggah ing gunung Nebo, pucake pagunungan Pisga ing penere Yerikho, tumuli ditedahi saindenging nagara iku kabeh dening Sang Yehuwah: dhaerah Gilead tutug ing Dhan,
2 tlatahe Naftali kabeh, tanahe Efrayim lan Manasye, tanahe Yehuda sawratane nganti tekan ing sagara kulon;
3 tanah Negeb lan Lebak Yarden, lebak Yerikho, kutha wit kurma, nganti tutug ing Zoar.
4 Tumuli dipangandikani dening Pangeran Yehuwah: “Iki nagara kang Sunprasetyakake kalawan supaos marang Abraham, Iskak lan Yakub, dhawuhingSun: Turunira bakal Sunparingi nagara iku. Sira Sunparengake ndeleng kalawan mripatira dhewe, nanging sira ora bakal nyabrang mrana.”
5 Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah banjur seda ana ing kono, ing tanah Moab, miturut pangandikane Pangeran Yehuwah.