13 Kowe padha diparingi sumurup prasetyane, kang kadhawuhake supaya koklakoni, yaiku Pangandika Sapuluh kang tumuli kaserat ing papan watu loro.
14 Sarta ing nalika iku aku iya didhawuhi dening Sang Yehuwah mulangake katetepan lan pranatan, supaya iku padha koklakoni ana ing tanah kang bakal kokparani lan bakal kokejegi.
15 Mulane dingati-ati, -- marga kowe ora ndeleng rerupan apa-apa ing kalane Sang Yehuwah mangandikani kowe ana ing gunung Horeb saka ing satengahe geni --,
16 supaya kowe aja padha nindakake piala srana gawe rerupan awujud reca ngemperi brahala apa bae, rerekane wong lanang utawa wong wadon;
17 rerekan kang awujud kewan kang ana ing bumi, utawa awujud manuk mawa swiwi kang mabur ing awang-awang,
18 utawa kewan rumangkang nlosor utawa gumremet ana ing bumi, utawa iwak kang ana ing banyu sangisore bumi;
19 lan supaya kowe aja nganti tumenga marang langit, satemah manawa kowe ndeleng srengenge, rembulan lan lintang-lintang lan sakehe wadya-bala ing langit, kowe banjur disasarake kelu sujud lan ngabekti marang iku kabeh; kang lugune malah diparingake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang sarupane para bangsa ing sangisore langit dadi pandumane.