34 Karomaneh apa tau ana allah kang rawuh mundhut bangsa saka satengahe bangsa liya dadi kagungane, srana nindakake panyoba lan pratandha sarta kaelokan apadene perang, kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaulukake lan kalawan pagiris kang ngedab-edabi, kaya kang wus ditandukake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowe ana ing Mesir kang padha koksipati?
35 Kowe kang ditedahi iku mau, supaya mangertia yen Pangeran Yehuwah piyambak kang jumeneng Allah, ora ana maneh liyane, kajaba mung Panjenengane.
36 Saka ing langit kowe krungu sabdane kang mulang kowe, lan ana ing bumi kowe diparengake ndeleng geni kang gedhe, lan krungu sakehe sabdane saka ing satengahing geni.
37 Ing sarehne Panjenengane ngasihi para leluhurmu lan milih para turune, mulane Panjenengane piyambak wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir srana kakiyatan kang linuwih;
38 sarta nundhungi bangsa-bangsa kang cacahe lan pangwasane ngungkuli kowe saka ing ngarepmu, lan kowe diirid lumebu menyang ing nagarane lan maringake nagara iku marang kowe dadia tanah-pusakamu, kaya kang kelakon ing dina iki.
39 Mulane ing samengko kowe padha ngawruhana lan nggatekna yen Pangeran Yehuwah piyambak kang jumeneng Allah ana ing langit dhuwur lan ana ing bumi ngisor, ora ana liyane maneh.
40 Kowe padha netepana katetepan lan pepakene kang dakprentahake marang kowe ing dina iki, supaya kowe lan anak-putumu ing besuk padha diganjara slamet, sarta dinawakna umurmu ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe ing salawas-lawase.”