1 Nabi Musa banjur nimbali nglumpuk wong Israel kabeh sarta padha didhawuhi: “He wong Israel, padha ngrungokna katetepan lan pranatan kang dakgelarake marang kowe ing dina iki, supaya padha kokpindeng lan koklakoni kalawan setya.
2 Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, wus damel prasetyan karo kita ana ing gunung Horeb;
3 ora karo para leluhur kita anggone Sang Yehuwah damel prasetyan iku, nanging karo kita, iya kita, kang ana ing kene ing dina iki, kita kabeh kang isih padha urip.
4 Pangeran Yehuwah wus ngandikani kowe kalawan aben-ajeng saka satengahing geni ana ing gunung,