14 nanging dina kapitu iku Sabate Pangeran Yehuwah, Allahira; mulane sira aja nyambutgawe, iya sira, iya anakira lanang lan wadon, iya baturira lanang lan wadon, dalasan sapinira utawa kuldinira sarta sadhengah kewanira, utawa bangsa liya kang ana ing sajroning wewengkonira, supaya baturira lanang lan wadon iya bisaa ngaso kaya sira.
15 Sabab sira elinga, yen ing biyen sira iya dadi batur ana ing tanah Mesir sarta Pangeran Yehuwah, Allahira, wus ngentasake sira saka ing kono kalawan asta kang rosa lan lengen kang kaulukake; mulane Pangeran Yehuwah, Allahira, dhawuh marang sira supaya ngriyayake dina Sabat.
16 Sira ngajenana bapa-biyungira, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah Allahira, maran sira, supaya dawaa umurira lan supaya diganjara slamet ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Allahira, marang sira.
17 Sira aja memateni.
18 Sira aja laku bedhang.
19 Sira aja nyenyolong.
20 Sira aja nglairake paseksi goroh tumrap pepadhanira.