Pangandharing Toret 5:22-28 JAV

22 Iya pangandika iku mau kang didhawuhake dening Sang Yehuwah marang sapepake pasamuwanmu kanthi swara kang banter ana ing gunung ing satengahe geni lan mendhung sarta peteng ndhedhet, lan ora disambeti apa-apa maneh. Kabeh iku banjur diserat ing papan watu loro, tumuli diparingake marang aku.”

23 “Nalika kowe padha krungu swara iku saka ing satengahe pepeteng kang ndhedhet, mangka gununge murub, kowe yaiku, para sakehe pemimpining talermu lan para tuwa-tuwamu padha nyedhaki aku,

24 sarta padha matur: Saestu, Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, sampun ngatingalaken kamulyan lan kaluhuranipun dhateng kita, sarta kita sampun sami mireng sabdanipun saking ing satengahing latu. Ing dinten punika kula sampun sami nekseni, bilih wonten manungsa ingkang dipun pangandikani dening Gusti Allah, mangka kok saged lestantun gesang.

25 Nanging sapunika kados pundi, punapaa dene kula kok kedah nemahi pejah. Awitdene latu ageng punika temtu badhe mangsa kula sadaya; manawi kula ngantosa kedangon anggen kula sami mireng sabdanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, saestu kula sami badhe pejah.

26 Awit pundi wonten panunggilanipun titah ingkang mireng sabdanipun Gusti Allah ingkang asipat gesang, ingkang ngandika saking satengahing latu, kados ingkang kula alami punika, mangka saged lestantun gesang?

27 Panjenengan kula aturi sowan nyelak saha midhangetaken sadaya ingkang badhe kadhawuhaken dening Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, saha panjenengan ingkang nglajengaken dhateng kula, sadaya ingkang dipun pangandikakaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, dhateng panjenengan, tumunten badhe sami kula pirengaken saha kula lampahi.

28 Anadene nalika Sang Yehuwah midhanget kang dadi pangucapmu marang aku kaya mangkono iku, tumuli aku dipangandikani dening Sang Yehuwah: Ingsun wus midhanget celathune bangsa iki marang sira; apa kang diucapake kabeh iku becik.