Pangandharing Toret 5:25-31 JAV

25 Nanging sapunika kados pundi, punapaa dene kula kok kedah nemahi pejah. Awitdene latu ageng punika temtu badhe mangsa kula sadaya; manawi kula ngantosa kedangon anggen kula sami mireng sabdanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, saestu kula sami badhe pejah.

26 Awit pundi wonten panunggilanipun titah ingkang mireng sabdanipun Gusti Allah ingkang asipat gesang, ingkang ngandika saking satengahing latu, kados ingkang kula alami punika, mangka saged lestantun gesang?

27 Panjenengan kula aturi sowan nyelak saha midhangetaken sadaya ingkang badhe kadhawuhaken dening Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, saha panjenengan ingkang nglajengaken dhateng kula, sadaya ingkang dipun pangandikakaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, dhateng panjenengan, tumunten badhe sami kula pirengaken saha kula lampahi.

28 Anadene nalika Sang Yehuwah midhanget kang dadi pangucapmu marang aku kaya mangkono iku, tumuli aku dipangandikani dening Sang Yehuwah: Ingsun wus midhanget celathune bangsa iki marang sira; apa kang diucapake kabeh iku becik.

29 Bok iya tetepa anggone padha duwe bebuden mangkono iku yaiku, padha wedi-asih marang Ingsun sarta netepi pepakeningSun, supaya padha ginanjar slamet dalah anak-putune salawas-lawase.

30 Sira mangkata lan tutura marang wong-wong iku: Padha balia menyang tarubmu.

31 Nanging sira ngadega ana ing kene karo Ingsun, sira bakal Sundhawuhi sekehe pepakon, katetepan lan pranatan, kang kudu sira wulangake marang wong-wong iku, supaya padha dilakoni ana ing tanah kang bakal Sunparingake dadi darbeke.