6 Ingsun iku Yehuwah, Allahira, kang wus ngentasake sira saka ing tanah Mesir, saka ing pangawulan.
7 Sira aja nduweni allah liyane ana ing ngarsaningSun.
8 Sira aja gawe reca kang awujud apa bae kang ana ing langit dhuwur utawa ing bumi ngisor, apadene ing banyu sangisore bumi.
9 Sira aja sujud utawa nyembah marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iku Allah kang butajengan, kang males kaluputane para bapa marang anak-anake lan marang turune kang katelu lan kaping pat, wong-wong kang sengit marang Ingsun;
10 nanging Ingsun nandukake sih-palimirma marang wong ewon-ewon kang padha tresna marang Ingsun lan netepi marang pepakenngSun.
11 Sira aja nyebut marang asmane Pangeran Yehuwah Allahira kalawan sawiyah-wiyah, awitdene Sang Yehuwah mesthi mastani luput saben wong kang nyebut asmane kalawan sawiyah-wiyah.
12 Sira tansah elinga marang dina Sabat, sarta iku sira sucekna, kaya kang wus didhawuhake Pangeran Yehuwah, Allahira, marang sira.